Artikel bahasa jawa

TEMULAWAK

Temulawak menika salah sijining tanduran ingkang dadi campuran ramuan kanggo jamu jawa. Tanduran sing jeneng latine Curcuma Xanthorhiza iki bisa di tandur neng ngebdi-ngendi. Biasane ditandur neng pekarangan omah.
Tanduran temulawak, wite ngemu banyu, godhonge meh kaya godhong kunir, nanging luwih amba lan kasar.tanduran temulawak sing biasa dipigunakake kanggo obat utawa jamu yaiku perangan empune,dudu enthike (rimpang), amarga akeh kandutan zate. Zat kimia sing di kandut antarane minyak atsiri fallendrean lan turmenol, kamper, glukosida, foluymetik karbinol lan kurkumin.

Zat kurkumin iki sing  akeh pigunane kanggo kesehatan. Kurkumin bisa memalangi efek racun alcohol jroning ati. Sak liyane kanggo kesehatan, iso dingo nambah nafsu mangan , vitamin, lan kanggo nglancarke ASI.
Khasiyate Temulawak sing seger karo sing garing sak jane pada wae. Nanging luwih praktis temulawak sing garing. Nenk nganggo temulawak sing garing, luwih apik nek nggaringake dhewe, amarga luwih resik lan sehat. Ngunjuk jamu temulawak iku ora kudhu saben dina, seminggu paling akeh kaping telu wae.

Sak liyane kanggo nglancarake ASI, temulawak uga bisa dinggo kangge obat penyakit hepatitis. Kanggo ramuan penyakit iki, luwih apik nganggo temulawak sing di garingake. Ramuane iku di unjuk pendhak esuk lan sore.

Komentar

Postingan Populer