Contoh Pranatacara Perpisahan

Pranatacar perpisahan kelas III

Assalamualaikum Wr Wb

Ingkang kula hurmati, Kepala Sekolah sarta Bapak Ibu guru SMA 1 Wonosari. Ingkang kula hurmati, para tamu undangan lan para kanca ingkang kula tresnani

Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring kasarasan sahengga kula lan panjenengan sedaya sadeg rawuh wonten tata adicara perpisahan siswa kelas III menika.

Kaping kalihipun, salawat sarta salam tansah kunjuk dhumateng Nabi Muhammad SAW. Sumangga adicara punika kawiwitan kanthi maos Basmallahsesarengan. Bismillahirahmanirrahim. Mugi-mugi adicara punika saged lumampah kanthi rancag engga paripurna.

Para rawuh ingkang kula hurmati, kula ingkang jinejer pinangka panatacara, badhe ngaturaken urut reroncening adicara, inggih menika :
-          Sepisan, tinarbuka kanthi waosan basmallah
-          Kaping kalih, waosan ayat suci Al Qur’an
-      Kalajengaken tanggap wacana saking Bapak Kepala Sekolah, saking wakil siswa kelas II lan kasambet saking wakil siswa kelas III
-          Salajengipun panutup lan doa.

Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, mekaten reroncening tata adicara perpisahan siswa kelas III. 

Sumangga kalajengaken adicara salajengipun inggih punikawaosan ayat suci Al Qur’an, dhumateng mbak Danti kasumanggakaken.

Para rawuh ingkang kula hurmati,mekaten waosan ayat suci Al Qur’an dening mbak Danti. 

Salajengipun, mangga kalajengaken adicara inggih menika tanggap wacana saking Kepala Sekolah SMA 1 Wonosari, Dhumateng bapak kepala sekolah kasumanggakaken.

Para rawuh ingkang dahat kinurmatan,adicara salajengipun inggih menika tanggap wacana saking wakilsiswa kelas II lan wakil siswa kelas III. Dhumateng mbak alvi an mbak lili kasumanggakaken.

Para rawuh ingkang kula hurmati, kanthi mekaten, sampun mboten wonten adicara ingkang karempit saking purwa madya ngantos wusananipun. Mboten langkung saking kula nyuwun agunging pangapunten, mbok menawi wonten aturing kula ingkang mboten mranani panggalih panjenengan sedaya.

Dene adicara perpisahan punika badhe katutup kanthi waosan doa dening mbak Lisna. Dhumateng mbak Lisna kasumanggakaken. Dene saking kula kanthi panutuping atur.

Wassalamualaikum Wr .Wb

Komentar

Postingan Populer